WAYAH ESUK
Saben wayah esuk
Aku wis ngadeg
Neng ngarep lawang sekolahan
Nunggu bocah bocah podho teko
Dak sawang
Bocah bocah sing lucu-lucu..
Lugu..tur ngguyu
Sajak seneng atine
Sumringah praupane
Siji mboko siji
Podho antri nyalami astan
Kanthi ati kang tulus
Kanthi tutur kang alus
“Sugeng enjang bunda”
Tak lus sirahe
Kanggo mbombong ati lan tekade
Bocah-bocah sing lugu lan lucu kuwi
Sangu kekarepan
Gladi kapinteran
Amrih ora cublek pikire
Andy Sri Mulyani H.S
KB Permatasari
Kartasura
DALAN KUWI
Wayah esuk ..
Naliko srengenge
Semburat neng brang wetan
Dalan kuwi…
Saben dino tak lewati
Kanthi ati kang seneng
Kanthi nyangklong tas sekolah
Isine potlot siji, buku siji
Botol isi wedang putih
Roti siji siji
Sing wis dicawiske ibu ndek wingi
Yo ora lali sangu
Dongane bapa ibu
Dalan kuwi…
Saben dino
Tak lewati
Ngeterke aku golek ilmu
Menyang PAUD
Kanggo sanguku
Ing pasinaon luhur
Andy Sri Mulyani H.S
KB Permatasari
Kartasura
credit foto by geniussmart.net